AYO PODO DI WOCO
Manungso kuwi dititah podho,
Nanging yen masalah bondo dijatah
bedo
Mulo menungso iku wajibe mung
upoyo karo ndungo
Entuk rejeki sepiro atine sing
nrimo
Ora usah meri karo konco
Sak podho-podho
Akeh wong stres
Mergo uripe ora beres... !
Rino wengi mung mburu dunyo
Njur lali karo agomo
Ojo podho ngersulo mundhak gelis tuwo,
Wong yen nrimo uripe dowo
Wong suloyo uripe rekoso...
Wong sing sabar, rejekine bakal
jembar.
Wong yen ngalah, uripe bakal
barokah.
Sopo sing jujur, uripe bakal makmur.
Sopo sing tlaten,
tembe mburi bakal panen.
Wong sing sombong, Amale bakal
kobong
Zamane wis zaman tuwo
Akeh manungso wis angel ditoto
tuntunane agomo,
Senengane malah podho gawe duso
Tumindak duso saben dino podho
ora kroso..
Sithik-sithik ora ketoro,
Suwe-suwe dadi cetho,
Koyo wong tumindak duso dilakoni saben dino,
Duso Kadhang- kadhang ora kroso,
Mergo pancen wis kulino, Sing podho ati-ati lan waspodo,
Menowo siro ngobrol karo Konco
Ngrasani tonggo ngujah alane wong liyo,
Kadhang ra rumongso awake gawe duso
Ayo mumpung durung telat.
Enggal-enggal podho tobat
Timbang ning akherat siro mbesok nompo adzab.
Mung duso sepele kang ora dirasakke,
Nanging gedhe akibate marang awake
dhewe.
Mumpung isih urip, Ngibadaho kanti tertib.
Ngelingono yen wes mati, Ora
bakal iso bali.
Mumpung isih waras, Ibadaho kanti ikhlas.
Mumpung isih longgar, Ibadaha
kanti sabar.
Ngelingono yen wis loro
Ora biso opo-opo
Ngelingono yen Wis Repot
Ibadah rasane Abot.
Pungkasane sopo lan opo wae awakmu
mula OJO DUMEH
Cekap semanten Pituture
Pinisepuh Jowo
Mugi wonten manfaatipun
Kangge Pepenget kito sedoyo
Ampun supe di getok tularno
nang konco”, dulu
No comments:
Post a Comment