Photo

Photo

Friday 16 November 2018

Resep Keluarga Bahagia Ala Emak Berdaster


Pak Bojo, Cara membahagiakan istri kui mudah ... tur murah meriah... ra percoyo…? monggo disimak..

1.  Tansah eling mbi gusti AllOh...
Kelingan jamane akad nikah...
Ukarane ncen singkat cuma saya terima nikah dan kawinnya ....dst... Tapi resikone pertanggungjawabane dunia akherat...
Ibadah yo sing rajin...
Ojo malah main mendem medok... inget umur... inget awak.... inget anak...

2. Begitu melek mripat esuk” tangi turu kae langsung cari istrimu..
Nek mbok wedok rung tangi...
Gugah en dengan ciuman mesra...
Tapi nek bojomu wes tangi disik njur lagi no pawon masak... hampiri... peluk dari belakang dan katakan padanya " I lop yu  Yank "
OJO MELEK MRIPAT NJENENGAN MALAH NGGOLEK I HP....

3.   Nek mbok wedok takon dino iki masak opo Mas / yah / pak... ojo dijawab TERSERAH...
Roto” wong wedok kui uanyel nek takon njur dijawab ngono...
Masalah e kebanyakan mbok wedok iku nek tangi turu mesti sing dipikir langsung tema masakan dino iki dan itu bukan perkara mudah...
Nek mbok jawab terserah njur bacut dimasakno ra mbok pangan opo mbok paido mesti ngomele iso soko sabang sampai merauke...
Konsekwensine sesuk mesti njenengan ra dimasakno....
Malah ditinggal fb an opo nonton drama korea...

4.   Ojo sok maido duit blonjo...
Nek bojomu sambat duit blonjo wes entek padahal lagi tengah bulan ojo nganti njenengan kemucap " lagi tanggal semene kok wes entek jane mbok nggo opo to bu…? " atau  " wong wedok kok boros nemen "
Nek kalimat kui nganti metu.. .beeeuuuhh… siap” wae perang dunia...
Mending nek njenengan ndue ndang diwei... nek ra ndue... ucapkan kalimat sakti " sing sabar yo yank, mas ngerti opo” sak iki larang, doakan ngko mas entuk rejeki akeh yo "
Mesti bojomu langsung meneng cep njur sumende no dadamu nangisi kahanan....

5.  Nek bojomu takon " aku karo cah kae / bojone kae / artis kae ayu endi mas..."
Kudu mbok jawab " tetep ayu sliramu yank " ben o bojomu kui sing ndisik langsing njur sak iki ndut...
Tetap ayu bojomu...
Wong kui pilih”anmu...
Nek mbok jawab ayu cah kae...
Siap” wae ko bengi turu di slediti...

6.  Nek bojomu sambat no ngomah kesel gawean ra rampung”...
Anak” rewel...
Blonjo opo” larang...
Rungokno wae...
Ojo mbok wangsuli nganggo ukoro sing marakke taring lan sungute metu...
Kui tandane bojomu lagi suntuk level siaga 4.
Mending ndang jak en dolan numpak sepeda, njur mampir tuku bakso opo mi ayam...
Nek njenengan lagi bokek...
Cukup tukokno pentol ngarep sekolahan...
Lagi  ra ndue duit blass... yo wes jak en wae nangis bareng...
Ko lak bojomu malah ngguyu nyawang njenengan nangis...

7. Nek njenengan bengi njaluk " jatah " yo sing manis ojo grusa grusu koyo sapi arep manak...
Wong wedok kui nek wes kesel bengi di uthik uthik mesti angel...
Ngeweh ono mesti ora ikhlas...
Mung mergo wedi dosa dikutuk malaikat...
Akhire njenengan sing rugi nemoni bojo koyo gedebog gedang... ( njur kui mbok nggo alasan selingkuh... salah sampeyan... )
Sak durunge njaluk jak ngobrol romantis disik...
Kenang jaman mbiyen naliko pacaran...
Njur pijeti mbok wedok...
Dijamin pasti mbok wedok langsung pasrah terserah sak karepmu yaaaah...

8. Njenengan pengen nyawang mbok wedok ayu to….? Sekali” ajak bojomu shoping  nang  pasar...
Tuku daster sepotong...
Tuku wedak sachetan...
Tuku BH lan cawet...
Mbik rexona sachetan...
Ojo malah mbok nggok mblanjakke wedok an liyo...
Ojo nganti selingkuh...
Dosa mbik gusti Allah ncen mbok songgo dewe...
Tapi opo njenengan ora isin mbik anak…?

9. Nek bojomu kebacut nesu... Ojo mbok bales nesu... Ojo mbok cuekin... Ojo mok tinggal ngopi... Wong wedok kui nek mung trimo kon poso ngomong betah e puollll...
Senajano njenengan ga’ salah tetep njaluk o maaf...
Ndang dipeluk, di ambung...
Mesti lak nesune langsung ilang...
Terimalah kenyataan " WONG WEDOK KUI SELALU BENAR GAK PERNAH SALAH "

Wes ngono waelah...
Maaf duuowooooo banget status e...
Semoga bermanfaat...

No comments:

Post a Comment

Perintah Kaisar Naga : 4340 - 4345

 Perintah Kaisar Naga. Bab 4340-4345 "Kalau begitu kamu bisa meminta bantuan Pangeran Xiao. Agaknya, Keluarga Qi tidak bisa lebih kuat ...