Photo

Photo

Friday 11 January 2019

Ilmu Ngarit


Kene Mblung, karo mangan telo goreng, nyruput kopi trus nggedabrus… ning parikeno..

Hehe... cocok Kang… Sing dibahas bab opo...? Ojo sing gawe kontroversi lo yo...

Ora Mblung... iki bab sederhana ning penuh makna... Ilmune wong ngarit.

Wuik... la opo istimewane wong ngarit Kang kok sampek dadi inspirasi. Ngarit kui rak mung nggolekke pakan sapi, wedhus apa kelinci to Kang..

Bener Mblung... ning kui yo ana ilmune. Ngeritne pakan sapi bedo karo ngeritke pakan wedhus po kelinci. Ngeritke sapi potong yo rapodho karo sapi perah. Ngeritke wedhus yo bedo karo wedhus gibas.

Ngono yo kang...

La iyo Mblung... ngarit rambanan karo ngarit suket alate yo wis bedo. Ngarit suket gajah karo suket grinting alate yo bedo… kui yen pengin hasile maksimal.

Biiih… tibane masiyo mung ngarit ilmune yo akeh to. Ngono kok ana sing ngremehne, ngenyek tukang ngarit kui ra berpendidikan..

Yo ngono kui lo Mblung kamongko akeh kang gelare akademik nritip trus nggo kebanggaan dong”e karo tukang ngarit wae kalah cerdas. Mergo kecerdasan kui asale soko Gusti. Kadhang ana sing cerdas… duwe kesempatan sekolah mergo mampu ragate, ning ana sing cerdas tapi ora mampu sekolah mergo ra ana ragat... ning kecerdasan kui ora ilang.

Layak to Kang, konco” kae yo seneng diarani tukang ngarit...

Yo rapopo Mblung wong diarani ae. Damarwulan kae... penggaweyane ngarit... ning iso dadi ratu. La sliramu ngarit yo rapopo... wong sapimu 1000. Ngarit opo pejabat kui mung penggaweyan Mblung... sing penting kui AKHLAK lan SUBASITA..

Profesi oleh tukang ngarit ning akhlak dadi panutan mayarakat... ojo profesi pejabat akhlak bangsat..

Hehe... bener kang…. Ayo telone pumpung anget

No comments:

Post a Comment

Perintah Kaisar Naga : 4340 - 4345

 Perintah Kaisar Naga. Bab 4340-4345 "Kalau begitu kamu bisa meminta bantuan Pangeran Xiao. Agaknya, Keluarga Qi tidak bisa lebih kuat ...