Photo

Photo

Tuesday 21 August 2018

" SAWANG SINAWANG " Alias Rumput Tetangga Tampak Hijau


Wong Ndeso : Enak dadi wong kota.....opo” ono. Mall cedak dalane alus, adus ora nimbo kari nombol sanyo.....

Wong Kota :  jek enak dadi wong deso. Neng kutho opo” tuku. Neng deso Pangan gak tuku kari ngapek dewe neng kebon, sing penak yo sing dagang......

Pedagang : Enak apane. Barang sewarung barange wong, kabeh nek ono suloyone salah ngatur rego yo bangkrut, enak yo dadi pegawai kabeh” ngajeni ketemu tonggone  monggo Pak monggo Bu....tanggal nom gajian

Pegawai : Enak apane….? Iyo tanggal nom gajian tanggal tuwek totalan...... gajine " jerman " di jejer ora uman. Enak yo dadi Pak Lurah neng ngendi ketemu rakyate monggo pak lurah yen jagong manggone ngarep dewe.  Sabendino entuk punjungan

Lurah : enak apane, gak cucuk karo modale.... sawah kadol, mobil kadol nggo nyalon, gajine gak nutup sabendino jagongan. Enak yo dadi DPR.

DPR : enak apane dadi DPR ora cucuk karo modale duwit entek nggo kampanye .. bareng dadi gak iso obah blas..... proyek sithik wae di penthelengi KPK.... enak yo dadi tukang cukur, iso ngongkeki sirahe wong akeh, sirahe pak camat, bupati. di ongkak ongkek yo meneng wae.

Tukang Cukur : Enak apane... nek salah kesilet sirahe gojer sing cukur muring” sebulan gak meneng. Enak yo tukang pijet iso ngemek” awake wong wedok sing ayu”. Sing legok sing mlenuk kabeh roto.

Tukang Pijet : Enak apane.... isoku mung ndemek thok....

Tibake kabeh nggak ono sing penak. Anggere jek urip yo isih MUMET, PUSING, NGELU, BINGUNG.... mergo kabeh mau gathuke wong urip.......TERUS KON KUDU PIYE…. ?

Monggo dulur” menikmati peran kita masing”. Apapun pekerjaan kita. NIKMATILAH dan SELALU BERSYUKUR, BERSYUKUR dan BERSYUKUR........

Syukuri apa yang ada.....
Hidup adalah anugerah,
Tetap jalani hidup ini melalukan yang terbaik......

Semangat….
Dan ayo belajar bersyukur...

Alhamdulillah...


Sugeng enjang dulur" monggo sami ndedongo mugi" kito sedoyo tansah dipun paringi wilujeng karaharjan Aamiin.....

Sugeng ngayahi tugas rutin mapak'i tanggal tuo, monggo sami gegujengan  ora ketang ming liwat wa ...heheheeee….

No comments:

Post a Comment

Perintah Kaisar Naga : 4340 - 4345

 Perintah Kaisar Naga. Bab 4340-4345 "Kalau begitu kamu bisa meminta bantuan Pangeran Xiao. Agaknya, Keluarga Qi tidak bisa lebih kuat ...